Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Cerkak Basa Jawa Singkat


Cerkak Basa Jawa Singkat

Cerkak basa jawa singkat tentang pengalaman pribadi

1. Cerkak basa jawa singkat tentang pengalaman pribadi


Dino selasa wingi, aku sepedaan karo konco-koncoku, aku lan koncoku sepedaan ning cedak omahku, ning cedak omahku ono parit gedhe, aku ora sengaja nabrak wit-witan sing panggone cedak parit kui mau, aku banjur tibo, ibuku langsung nyamperi aku lan langsung ngobati sikilku mau.

2. Buatlah 1 cerkak singkat basa jawa


Jawaban:

Pak Bakri

Ing desaku ana bakul sate jenenge Pak Bakri, wonge lucu lan ora tau nesu. kabeh wong kampung seneg tukus atene pak Bakri amarga deweke lucu lan nduluri.

ing sawijining dina pak bakri lunga menyang kutha. ora krasa wes rong taun pak bakri ora bali kampung. wong-wong pada rumangsa kelangan pak Bakri. ana toko sate akeh nanging ora ana sig kaya pak bakri, rasa satene pak bakri pancen biasa, nanging pelayanane kuwi sing marai kabeh wong ngangeni pak bakri.

ing sawijining dina ana kabar yen pak bakri ketangkep gara-gara masalah narkoba. jebule pa bakri buronan narkoba. kabeh uwong kaget nanging tetep ngelingi yen pak bakri kuwi wong apik. pak bakri tetep tukang sate kang dikangeni wong desaku.


3. conto cerkak basa jawa


Prabandari Muridku

Lagi setengah taun aku mulang SMA Negri Mblimbingsari. Ning rasane kok wis rumangsa srek lan seneng. Murid-muridku isih ana rasa hormat lan patuh karo guru, uga nggatekke yen diwulang. Kancaku paron, sing sepuh meh purna tugas ya ana, sedhengan yuswane, lan saangkatanku munggah sithik, isih akeh sing padha mbujang.

Awakku klebu yunior neng sekolahan kono. Sekolahan kuwi klebu neng kutha Kabupaten, dadi ya wis reja lan rame. Marang watak-watakke kanca-kanca guru, uga marang murid-muridku, aku wis apal, mula ya bisa nyrateni. Nganti atiku krasa, yen aku ditresnani kanca lan disenengi murid-muridku.

Jarene aku mono guru sing humoris. Ana siji muridku wadon sing tansah dadi kawigatenku. Kejaba bocah kuwi ayu ning ya pinter, cepet ngerti yen diterangke. Ning ndhugale ……., ya ampun tenan. Yen rumangsa panemune bener, marang sapa wae wani …. klebu marang aku gurune.

Bocah kuwi yen durung ngerti. Ora sungkan takon ing wektu ngaso. Malah nalika tak gawani PR saka sekolahan sing kudu ditumpuk Minggu ngarep, dumadakan Prabandari, ngono jenenge muridku kuwi takon :

?Pak Gun, penjenengan punika dalemipun pundi ta, pak ??

?O …. aku neng kene mung kost kok, omahku adoh neng ndesa kana, dene olehku kost neng Kampung Kenari Jl. Retawu No 7, ana apa ta Ndari ?? Pitakonku marang bocah kuwi.

?Inggih namung kepingin ngertos kok pak. Rak pareng ta menawi kula lan rencang-rencang dolan mrika ??

?Wah ya pareng banget, ning ya matur dhisik sak durunge, merga kegiatanku kampus kuwi akeh banget?.

?O …. inggih matur nuwun pak? kandhane karo mlayu ninggal esem. Ya esem kuwi sing njalari K.O., aku sing isih jaka kumala-kala iki, ati njur marahi gonjang-ganjing. Batinku : O Prabandari, wiwit aku mlebu mulang klas III sepisanan, aku wis kasengsem karo citramu sing ayu ….. najan ndhugalmu ngluwihi bocah lanang.

Tenan ….. lagi entuk telung ndina saka olehku nggawani PR, Ndari wis teka neng kost-kostsanku ijen, mung saperlu laporan yen ora bisa nggarap PR-re. Jarene durung dhong tenan nalika tak terangke.

Ning ya tiwas kebeneran, aku bisa nyawang sak maremku marang dheweke neng omahku. Mula kandhaku karo mapan lungguh ing kursi tamu :

?Ya wis ta kene, tak terangke sepisan maneh, sing kowe nganti ngerti lan bisa nggarap PR kuwi?.

?Inggih, pak?. Prabandari banjur ngetokke buku lan uga kertas orek-orek saka tase.

Aku ya njur gawe soal sing bakal tak anggo nerangke dheweke. Tak terangke lan tak contoni soal ngati telu, dheweke lagi mudheng tenan. Sidane Ndari njur takon:

?Pak, menawi soal PR kula garap wonten mriki kados pundi ??

?Wah becike garapen neng ngomahmu wae Ndari, kowe bisa takon-takonan kara kancamu, ning janji, ora nedhak lan ora kena kon nggarapke?.

?Inggih pak, prayoginipun mangkeh kula garapipun piyambak?.

?Syukur yen ngono, dadi kowe percaya karo awakmu dhewe?. Sarehne aku wong kost, mangka manganku neng njaba, mula Prabandari ya ora tak suguhi apa-apa.

Dheweke uga maklum. Bareng dheweke pamit mulih, lagi aku ajak-ajak :

?Ndari !, nek ngelak metu jajan dhisik yuk karo aku ……, piye ??

?Ah matur nuwun pak, mangga pak guru kemawon, mangkeh kula wonten nggriya kemawon?.

Nalika salaman, tangane tak gegem kenceng, dene tanganku kiwa kober nyiwel pipine sing mrusuh kuwi.

Prabandari gage ngeculke gegemane, njur mberot mlayu marani motore, karo celathu :

?Ah …. pak Gunawan ….. kok nakal, ngenjing kula critakke bocah-bocah lho, pak?.

?Aja ….. aja …. aja tenan Ndari ….. sorry nek ora dadi atimu?. Embuh krungu embuh ora, aku kandha ngono, ning bocahe njur nggeblas sawise motore urip. Ana sapletik rasa getun, e yagene ing atiku dumadakan wae ana rasa gregeten ….. neng bocah kuwi.

Ning ya piye maneh, arep dikapakna wong jeneng wis kebacut, ya ngene iki sing njur marahi mlorot wibawaning guru enom, padha luntur ing sangarepe muride.

Wayah sore, rumangsa sumpek ana ngomah, aku ngglindhingke motorku mubeng-mubeng kutha Kabupaten. Nalika tekan lapangan kepener ana tandhingan bal. Lapangan mau sabrangan karo toko Supermark

4. Buatkan cerkak bahasa jawa singkat tema bebas


Wong jowo kuwi due bass krama kanggo ngomong or Wong sing lewih tuwa

5. contoh cerkak basa jawa​


Jawaban:

Ing setunggale dinten Pak Bejo tukang ojek online, uripe pun pas-pasan lan ngadah anak tasek sekolah TK. Koyo biasane Pak Bejo ngeteraken anake ing sekolah, banjur niku mangkal ten pinggir dalan, ngerantosi pelanggan lintanng hpne kang sampun rusak.


6. amanat cerkak basa jawa yang berjudul ora bersyukur


nek entuk nikmat ojo lali bersyukur marang gusti

7. contoh cerkak bahasa jawa singkat


Kancil nyolong timun

8. Buatkan cerkak basa jawa?


Kancil lan Pitik Walik sing rumongso kudu lucuAna Pitik Walik sing seneng ngomong lucu-lucu karo kancane. Menawa ketemu kancane, Pitik Walik mesthi usaha gawe cerita lucu-lucu nganthek kancane pada ngguyu kemekelen. Dheweke ya sok ngarang cerita pengalaman sing aneh-aneh sing durung tau dialami dening pithik liyane. Kayata lelungan numpak manuk wulung terus teturon ning mega, lan mangan woh-wohan sing tukul ning nduwur mega. Kadang-kadang Pitik Walik gawe tingkah laku lucu nek lagi kentekan bahan lelucon. Pitik-pitik liyane pada seneng menawa kumpul karo Pitik Walik. Dheweke mesthi pada ditanggap supaya ngomong sing aing-aing.
Sawijining ndino Pitik Walik ndelik ning guwo karo nangis nggero-nggero ngantek krungu dening Kancil sing lagi neliti wit-witan sing iso urip ning njero guwo.
"Kowe ki ngapa tho kok nangis Pitik Walik" pitakone Kancil

"Aku sedih banget Kancil. Aku iki beda karo pithik-pithik liyane. Wuluku kwalik kaya ngene, ora rapi kaya pithik liyane"  

"Wis rapopo. Saukur wulu kok ndadak digawe mumet. Aku malah ora nduwe wulu!" jawabe Kancil

"Aku kesel kancil. Aku kesel banget pendak ndino kudu ngarang cerita sing aneh-aneh ben pada gelem cedhak karo aku. Kanca-kancaku mesthi dho ora gelem srawung karo aku sing wulune aneh menawa aku ora iso gawe ngguyu"

"Wooooo kowe salah pangiro kuwi! Kowe rasah lucu kanca-kancamu ya padha seneng cedhak karo kowe kok. Malah akeh sing seneng menawa kowe gelem ngrungokkake ceritane dheweke. Salah menawa awakmu ngiro kudu lucu utawa ngomong sing menarik perhatian ben ditresnani liyan" celathune Kancil

"Hooh po? Aku rasah kudu pendhak ndino ndagel ben disenengi dening kanca-kancaku?"

"Laiyo rasah no! Aku malah ora iso ndagel we iso nduwe kanca akeh kok! Sing penting kowe seneng tetulung marang kancamu lan gelem ngrungokke pendapate kancamu. Sing luwih utama ora pakewuh ngandani kancamu bab kebenaran lan tumindak sing keliru"  nasehate Kancil

"Tak delok bener kandhamu Kancil. Kancamu iku akeh banget, luwih akeh tinimbang kancaku arepo kowe ora iso ndagel. Wah tiwas aku rumongso kudu nglucu wae pas lagi kumpul karo kanca-kancaku. Rumangsaku nek aku ora iso nggawe guyu bakalan ditinggal karo kanca-kancaku"

"Ora Walik!. Ora bakal ditinggal kanca sing apik-apik. Kowe saiki uripo sing normal wae. Ngomong lucu ya rapopo, ning rasah digawe-gawe. Mesthi akeh wong liyo sing cocok karo kowe" ujare Kancil

"Yoh nek ngono aku tak rasah mekso awakku kudu lucu. Aku arep apa anane wae. Aku wis kesel banget ndadak nglucu saben ndino. Maturnuwun Kancil, kowe pancen kancaku sing paling wicaksono" celathune Pithik Walik kanthi rupa sumringah.

Wiwit dino iku Pitik Walik wis ora meksa awake nglucu terus pnedhak dino. Awale pitik-pitik liyane pada gumun kok saiki Pitik Walik perilakune bedha. Nanging suwe-suwe kancane malah tambah akeh amarga Pitik Walik seneng ngrungokke omongane pithik liyane

9. Cerkak basa jawa tema persahabatan?



coba buka :
ceritajawalia.blogspot.com/2013/10/cerak-bahasa-jawa-persahabatan-yang.html
 buka di= ceritajawalia.blogspot.com/2013/10/cerak-bahasa-jawa-persahabatan

10. cerkak basa jawa 500 kata


Cerkak Gusti maha welasz

Wektune wis kira-kira jam wolu esuk. Anggota perangkat desa ing Desa Sumbermulya wis padha teka, apa maneh dina iku bakal ana rapat ruwat bumi sing bakal dianakake suk sasi ngarep. Tradisi ruwat bumi iku dianakake pendak telung tahun sepisan. Warga kirap mubeng desa ngarak wulu wetuning desa kono kanthi dientha-entha gunungan. Bubar iku sing uwis, njur diterusake tontonan, sing paragane ya warga kono wae, kanthi mentaske budaya seni sing wis padha disiapake. Mengko minangka panutup wayangan sewengi natas ing bale desa.

Pak lurah gumun, dene Pak Wiro sing tukang reresik bale, nata meja kursi sing arep kanggo rapat kok malah ora mlebu. Gek ana apa? Mangka adat saben, Pak Wiro tukang kebon kuwi teka mesthi gasik, gaweyan sing dadi jejibahane ditandangi sak-sek, sedhela wae wis rampung njur ganti nandangi gaweyan liyane. Mula bareng perangkat desa wis pepak, lan rapat arep diwiwiti, pak lurah medal neng pawon nggoleki bu lurah njur ngendika :

?Bu, nek pawon wis akeh sing rewang nandangi kanggo nyunggata sing rapat, mbok kana neng omahe Pak Wiro ditiliki, geneya kok ora teka nyambut gawe?? Bu lurah sumaguh, lan terus tindak neng nggone Pak Wiro.

Tekan kana omahe tinemu tutupan suwung. Gek dha menyang ngendi? Anake Pak Wiro mono lanang wadon, Diran lan Marti. Diran wis ana STM klas II Mesin, dene Marti lagi klas III SMP wis arep ujian. Bocah loro kuwi padha maju sekolahe, ora tau nunggak. Mulih sekolah ya dha ngerti ngrewangi gaweyan wong tuwa. Yen libur Diran kerep nggenteni bapakne, gaweyan reresik kebon lan nata bale sawise bubar kantor. Ora mokal yen pak lurah sakulawarga remen karo anak-anake Pak Wiro sing padha sregep lan nurut kuwi.

Bu lurah pirsa omahe Pak Wiro tutupan, njur tindak neng omah wetane nggone Mbokdhe Kromo, sing kebeneran wonge lagi reresik sumur. Nuli ngendikane :

?Mbok Kromo!, griyane Pak Wiro niku kok tutupan, tiyange sami teng pundi ?? Mbok Kromo ndengengek karo nyedhak mangsuli :

?O? Bu Lurah, anu Bu, Pak Wiro niku ngeterke Mbok Wiro teng Puskesmas, empun tigang dinten sambat mumet, malah wingi nggih empun kulo keroki. Criyose Pak Wiro, wau dalu mboten saget tilem gek badane criyose benter sanget. Mila wau mruput diboncengke sepeda dibekta teng Puskesmas.? Bu lurah manthuk-manthuk karo ngendika :

?O…. ngoten ta Mbok Kromo, nuwun nggih disukani sumerep, mangkeh kula aturne Pak Lurah?.

Bubar ngendika ngono bu lurah banjur kondur. Esuke Pak Wiro wis nyambut gawe kasya adate, dene pak lurah sawise dilapuri garwane, ya ora ndangu apa-apa karo Pak Wiro. Ning sorebne pak lurah sekalihan merlokke tilik neng omahe Pak Wiro, ngaruhke bojone sing jare lara.

Tenan, tekan ngomahe Pak Wiro kabeh ngumpul nunggoni sing lara. Pak lurah sekalihan uga banjur mlebu neng senthong peturone Mbok Wiro. Nalika wis tekan ngarep lawang, ndadak keprungu lagi padha sembahyang Pak Wiro sing mbawa. Pak lurah kandheg ora sida mlebu supaya ora ngganggu.

Panjenengane pirsa, yen Pak Wiro sabrayat wong sing tumemen ngibadahe, sregep neng nggreja, uripe neng masyarakat apik, lan tinresnan ing tangga teparo, tansah pinter momong sok sopoa, lan ora tau gawe rugi lan serik ing liyan. Bareng wis sepi tandha rampung anggone padha sembahyang, pak lurah sekalihan banjur alon-alon mlebu nuli ngendikane :

?Piye Mbok Wiro, laramu??

?O Pak… Bu…. Lurah, matur nuwun dipun rawuhi, sakit kul…. kula sam….. sampun kath…… kathah sud……. sudanipun…….? Wangsulane pedhot-pedhot, Pak Wiro sambung atur :

?Ngendikanipun Dokter, Pak Lurah, semah kula punika namung kekathahen mikir.?

?O….. mikir apa ta Mbok Wiro?? pandhangune pak lurah alon-alon.

?Anu Pak Lurah…. dhenok Marti punika wingi criyos, yen piyambakipun mboten kepareng ndherek ujian dhening guru klasipun, awit…. awit…..? Mbok Wiro ora bisa nerusake matur, ning njur brebel……. mripate kekembeng luh. Semono ugo Marti sing nyanthuk nunggoni njur melu prembik-prembik nrocos mripate. Pak lurah lan garwane saya kepingin banget ngerti sebabe. Nuli ngendikane bu lurah

11. cerkak bahasa jawa singkat


Jawaban:

CERITA CEKAK (CERKAK)

Cerita cekak utawa cerkak yaiku cerita kang pendek lan ringkes dibandingke cerita fiksi kang dawa kayata novel. Cerkak biasane fokus ana ing siji kedaden,  siji alur, Setting tunggal, tokohe ora okeh, lan wayahe singkat.

Cerkak duweni 2 unsur, yaiku unsur intrinsik lan ekstrinsik.

Unsur intrinsik, yaiku unsur cerkak kang ana ing njero cerita. Unsur–unsur intrinsik cerkak yaiku : Tema ; Latar papan, wayah, kahanan; Alur : maju, mundur, campuran;Tokoh ; Penokohan ; Sudut pandang ; lan Amanat .Unsur ekstrinsik, yaiku unsur-unsur sing ana ing njaba karya sastra, ananging duweni pengaruh ana ing cerita. Unsur ekstrinsik cerkak, yaiku : bidang - bidang ing jero cerito (agama, budaya, politik, ekonomi) , Latar belakang pengarang, lan situasi sosial pas cerita ditulis.PEMBAHASAN

Jangan Lombok

Nalika dina Minggu ing tanggal 2 Agustus 2020, Desa Umbul Rejo ngadakake bersih dusun. Biasane para warga nganakake genduren ana ing balai desa. Biasane, tradisi warga desa Umbul Rejo bakal masak jangan lombok ing dino kuwi. Keluargane Ayu uga masak jangan lombok kanggo genduren.

Masak jangan lombok kuwi repot lan sue, mangkane Ayu ngewangi ibune masak ana ing dapur. Ayu ngiris lombok lan ibune marut kambil sinambi cerita.

"Ayu, ibu arep takon. Saiki Ayu wes SMA kelas 3, tahun ngarep bakal lulus. Koe arep sekolah maneh apa kerja?", Pitakone ibu.

"Inggih, Bu. Ayu sawise lulus SMA tasih pengen lanjut kuliah kaya Mbak Salma. Menawi ibu lan bapak maringi restu." ,wangsulane Ayu.

"Ibu lan bapak, bakal bantu lan dukung apa wae kang dadi kekarepanmu. Rausah khawatir, yen arep lanjut kuliah, Ayu arep jupuk jurusan apa?", Ibu takon maneh.

"Ayu bingung ,Bu. Amarga akeh banget jurusan ana ing kuliah", wangsulane Ayu.

Ayu sing bingung milih jurusan kuliah banjur diceritani pengalaman sing diduweni ibune. Ayu kudu duweni tujuan lan cita - cita kang mantep yen arep nggayuh gegayuhane. Aja ngasi deweke ora pas lan getun milih jurusan kuliah. Yen getun bakale atine ora tenang lan malah susah pikire. saka masak jangan lombok, Ayu ngerti yen urip kui bakal luweh pedes nek ora kita siapke saka saiki.

_____________________Sampun Rampung_______________________

_____________________PELAJARI LEBIH LANJUT

1. Buatlah contoh cerita cerkak bahasa jawa tentang lingkungan

https://brainly.co.id/tugas/18525415

2. Contoh cerkak bahasa jawa bertemakan industri

https://brainly.co.id/tugas/6147126

_____________________

Mata Pelajaran :  BAHASA JAWA

Kelas   :

SMP /SMA

Materi   :  Cerkak

Kata Kunci  :  Cerkak

Kode Soal  :  -

Kode Kategorisasi :  -

#TingkatkanPrestasimu


12. membuat cerkak dalam basa jawa​


Penjelasan:

Pak Adi

Ing desaku ana bakul bakso jenenge Pak Adi, wonge lucu lan ora tau nesu. kabeh wong kampung seneg tuku baksone pak Adi amarga deweke lucu lan nduluri.

ing sawijining dina pak Adi lunga menyang kutha. ora krasa wes rong taun pak Adi ora bali kampung. wong-wong pada rumangsa kelangan pak Adi . ana toko bakso akeh nanging ora ana snig kaya pak Adi , rasa baksone pak Adi pancen biasa, nanging pelayanane kuwi sing marai kabeh wong ngangeni pak Adi.

ing sawijining dina ana kabar yen pak adi ketangkep gara-gara masalah narkoba. jebule pak adi buronan narkoba. kabeh uwong kaget nanging tetep ngelingi yen pak adi kuwi wong apik. pak adi tetep tukang bakso kang dikangeni wong desaku.


13. nggawea cerkak basa jawa nganggo basa rinengga


senajan ayu rupane ananging akeh sing padha ora seneng amerga tipis lambene

14. Buatkan cerkak b jawa singkat


cerkak? adanya cerpen (cerita pendek)

15. unsur unsur intristik cerkak basa jawa


alur, plot, setting, paraga, watak

Video Terkait


Posting Komentar untuk "Cerkak Basa Jawa Singkat"